Info Razia

image

Iki Polisi kabeh sak Indonesia mulai Kamis (28/11/2013) nglaksanake “Operasi Zebra 2013” Bareng-bareng suwene 14 dino mulai 28 Nov s/d 11 Des 2013.

Nek saiki gek akeh operasi, ojo heran, ojo njuk muni “pantes tanggal tuwo kog!! Polisine wis do ra nduwe duit njuk akeh operasi…” Tp mmg saiki polisi sak Indonesia gek ono program Operasi Zebra..

Neng oprasi iki Polisi luwih mentingke kegiatan Pre Emtive,Preventive seng didukung penegakan hukum kanggo pelanggaran lalu lintas seng marai nyebabke Tabrakan Lan kejahatan kendaraan bermotor.

Sampekke neng Sedulur,tonggo guru,konco,pacarmu,mbahmu,pakdemu,mbokdemu Lan kabeh handai taulan supoyo nglengkapi dokumen Kendaraane (SIM karo STNK) BPKBne rasah digowo ndak ilang..

Kelengkapan kendaraan yo dinggo ( HELM,SPION,PLAT NOMER’e seng biasa wae,rasah dibentuk2 seng aneh2 opo meneh ditulisi jenenge mbahmu,malah ketok wong aLay)…

Seng nyopir mobil ojo lali nganggo sabuk pengaman ojo mung nggo pajangan, nek mobile ra ono sabuk pengamane yo nganggo tali rafia…seng numpak motor Roda 2 supoyo
ttp ngurepke lampu (awan karo bengi) seng lampune pedot ndang ditukokne,tuku Blackberry kuat tuku lampu mangewu wae aras-
arasen…

Wis yo..,mbok laksanakke yo sokor ora mbok laksanake nek ono opo2 tanggungen dewe.. Yo to..

Gor ngopi paste ojo nesu2 wae
yo!!!!

Semoga berguna

image

Salam satuaspal

image

Posted by Mase from WordPress for Android

58 Comments

  1. wah dino iki aku meh luar kota je,,neng ndeso…
    tp alhmd motor komuterku sutandar ting2,,,,amaannn…

    kang bonuse pironan kui?
    #gratis mbok an,,,tgl tuo je (tp wes bayaran) wakakakaka

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*