Selamat mencoblos

image
Ojok lali saiki, tgl 9 April 2014 dinone Rebo Pon jam 07.00-13.00 WIB wayahe NYOBLOS, sing durung tau nyoblos iki lho tak ke’i cara2ne cik gk kliru nyoblos :
1. sak durunge budal nang TPS adus sik,cik ketok mbois sarapan disik cik gk ndredek,ojo lali gaweo sandal/sptu,soale masio awakmu ngguanteng/uuwayu nek gk sandalan alias nyeker iso diguyu wong sk RW.

2. teko TPS antri disik gk usah uyel2an kyok antri ndelok konsere cherybeel ae,lungguh sing apik,sing lanang lunggoho biasa ae gk usah metingkrang kok kiro warung kopi ta? trus sing wedok lungguh biasa ae gk usah mengkokok opo maneh karo petan nang kunu.
3. ijolno surat undangan sing teko KPPS diijolne karo surat suara,ojo kliru gowo surate,engkuk surat gaden sing di gowo isin-isini.
4. lek wes oleh surat suara ndang mlebuo nang bilik/kamar gae nyoblos,bukaken surate sing ombo.coblosen sak karepmu sing kok senengi,karo meneng wae,gk usah karo mendesah2 uh..ah..uh..ah..ngilani mengko dikiro nyoblos opo ae.
5. lek mari nyoblos lempiten koyok asale ojo kok untel2,kok kiro gombal opo.ndang lebokno nang kotak suara,trus  dang ngalio,mlakune biasa ae gk usah koyok artis pragawati mari maju mengkerik,mlaku nganan trus ngiri muter nang tengah ambek dada dada,opo maneh mlakune rodo lemes koyok mari diputus ae.
6. lek wes mari celupne drijine nang tinta seng wes disediakne petugase.driji ae ojo liyane seng dicelupne opo maneh gae raup..mari ngunu ndang mulih,wes gk usah mbengok2 ‘ photo2an trus digae poto profil.koyok alay ae…
Sekian tips gae dulur2 seng nyoblos.
Matur suwun. selamat nyoblos…. 10 menit menentukan 9 bulan eh 5 menit menentukan 5 tahun
Salam Satu Aspal, Mase
Credit:Zulaikhah
Bonusnyah…
image
Posted by WordPress for Android via Andromax E860

21 Comments

Leave a Reply

Your email address will not be published.


*